Kamis, 27 Mei 2010

SIRNANIPUN ANGKARA MURKA

Guguripun Kumbakarna ndadosaken Rahwana sisah manahipun, Indrajit rumaos piyambakipun ingkang pantes dados senapati nggantosaken Kumbakarna ingkang sampun gugur (pejah). Pasukan Pancawati ingkang dipun-pandheganidening Prabu Rama boten sanggup ngadhepi Indrajit amargi Indrajit mbekta pusaka Nagapasa ingkang saged ngedalaken maewu-ewu sawer wisa ingkang saged mejahi mangsanipun.

Leksmana saged mejahi Indrajid kanthi migunakaken senjata panah Indrasara saderengipun Indrajit sempat ngedalaken senjata Nagapasanipun. Rahwana kaliyan sisa-sisa prajuritipun boten wonten pilihan sanes kajawi kedah majeng ing medan paprangan ngadhepi Rama. Kanthi ngedalaken sedaya kekiyatanipun Rahwana nyerang PrabuRama.

Rama enggal-enggal ngeculaken jemparing Goawijaya saking busuripun, pranyata pas kenging sasaran, Rahwana pejah sanalika. Amargi Rahwana nggadhahi aji Pancasona, mila mayat Rahwana dipun-urugi siti Gunung Rongrongan.

Rama milih Wibisana supados dados pewaris Alengka dados raja nggantosaken Rahwana. Wibisana menika sedherekipun .Rahwana ingkang nyawiji kaliyan Rama, amargi piyambakipun boten ngayogyani watak Rahwana ingkang angkara murka.

Ngancik yuswa ingkang sampun sepuh, Wibisana lajeng martapa ing Redi Kutarunggu, tahta kerajaan dipun pasrahaken dhateng putranipun ingkang nama Bisawarna. Dening Prabu Bisawarna alengka dipun-gantos narnanipun dados Singelapura. .

Rama, Leksmana, Sugriwa Ian Hanoman sarta prajuritipun kasil pikantuk kemimpangan. Rahwana sarta prajuritipun telas dipun-tumpes. Rama rumaos gurnang dening kasucianipun Dewi Shinta salaminipun wonten ing Taman Argasoka. Dewi Sinta kedah nglampahi upacara panyucian kanthi mhakar badanipun, piyambak. Rikala Dewi Sinta mbesmi badanipun, pranyata Sang Hyang Agni mandhap saking kahyangan ngayomi Dewi Broth. Dewi Sinta wilujeng Ian medal saking ungguhan latu kanthi wajah ingkang ayu kados widadari. Menika bukti kesucian Dewi Sinta salebetipun ngabdi dhateng Prabu Rama. Wusana Rama lan Sinta wangsul ing Ayodya. Rama dados raja ing Ayodya Ian Dewi Sinta dados prameswarinipun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar